Geguritan - FLP Blitar

Geguritan

Share This
Pupus
dening: Titiek Setya

Semplah rasa pangrasa
Pating blasah  semrawut
Tanpa rupa tanpa jiwa
Ambyar ajur mumur mawut

Pedah apa kang bisa tak rasa
Ilang pangarep-arep muspra
Lathi tan bisa kumbi
Jangkah ilang kendali

Tapis  sak pingiring lurung
Gurung asat tan kapireng
Mbengok sora ora rinasa
Iki gembung lan jiwaku
Ilang nglangut tan bisa wurung

Mugi Gusti paring pepadhang
Isih ana rina sak wusing wengi


Blitar,270622



No comments:

Pages