Muspra - FLP Blitar


Binareng grimis kang riwis-riwis 
Dak tata lati kang tinulis 
Kanggo medharake rasa cuwa 
Kang saiki kebak ing dhadha 

Dhadha kang wus ajur mumur 
Jalaran sliramu tumindak ngawur 
Percaya marang omonge liyan 
Banjut medhotake tali katresnan 

Diajeng... 
Saiki kanggo kang pungkasan 
Delengan aku 
Aku kang bakal ngliwati dina-dina kawuri 
Tanpa sliramu ing sisihku 

Wus muspra sakabehing janji 
Ambyar tumekaning jero ati 


Blitar, 27 Januari 2020

No comments:

Pages