TAKIR PLONTHANG - FLP Blitar

TAKIR PLONTHANG

Bagikan
TAKIR PLONTHANG

Saben malem 1 Syuro, wis dadi padatan ing tanah Jawa kanggo ngenekake baritan kanti suguhan Takir Plonthang. 

Takir Plontang yaiku wadah berkat wujud kotak utawa bunder sing digawe saka godhong gedhang disandat janur adu prapat. 

Takir saka tembung Tatag e pikir. Ateges pikiran kudu madep mantep ngabekti marang gusti kang murbeng dumadi. 

Disandat janur, sing asal saka basa Arab, jannah nur utawa sinar surga.

Dadi takir plonthang mawa ajar yen pikiran kang tatag mandep mantep ngabekti marang Gusti bakal nuwuhake cahaya surga kangge ati wong kang iman.

Mula saka iku, takir plonthang dicawisake nalika ana kajad nolak balak. Tulak sakabehing mala lan bebaya amrih urip tansah pinaringan tentrem tata raharja lan seger kuwarasan. 

Talun, 9-8-2021

No comments:

Pages