Geguritan Merry Moe - FLP Blitar

Geguritan Merry Moe

Bagikan

Keblinger

Sareh wae Kang,
Masia dheweke ngundang "dear"
Atiku ora bakalan keder
Apa maneh keblinger
Ngapa ngolek wong manca
Neng kene wae ana

Atiku ra bisa suwala Kang,
Arepa tumpakanmu sekuter
Wus bisa agawe atiku gemeter
Ora bakalan atiku gigrig
Ngapa kudu sujana
Asmamu wus tumancep jroning dhadha

Ayo Kang,
Pada tumandang
Angayuh urip padang
Donya akhirat kang diancas
Kita iki mung sa derma urdenas

Blitar 19042017



Lintang Panjer

Cahyane lintang ora kaya padatan
Lintang panjer tan ana kedhepe netra
Kadya ana sanepa kang kinandhut
Madhep,pancer  setya tuhu

Angin wengi midit sumilir angluh
Kandeg panase cahyane  sang kartika
Tansaya nunjem mawa dhawuh
Apa kang bakal lumaku esuk

Duh Gusti ingkang murbeng dumadi
Mendah punapa wadi kang kinandhut sanepan punika
Pitakon tan ana wangsulan
Tumancep ing petenge dalan

Blitar, 14 April 2017

No comments:

Pages