Geguritan Merry Moe (2) - FLP Blitar

Geguritan Merry Moe (2)

Bagikan

Kidung Wengi

Lingsir wengi
Kahanan sepi nyenyet tan ana jalma kang wungu
Kasilep endah pangimpen jati
Hawa atis angrujit sarira
Weteng ngelih ngrintih sora
Tinali kendhit ngapit panandhang raga
Kidung wengi lumuntur saka pulunge ati
Age-age ndhang turua anakku cah bagus gantilaning tyasingsun
Mung ana sira ibu duwe pangimpen
Dadia satria kang utama
Kang winengku perbawa praja
Kidung wengi tansaya nglangut
Tumekaning parak esuk
Waspa kairing pasrahing budi
Mugi Gusti paring palilah
Ndadekake sliramu bregas
Saka pinggire kutha
Pepayung mega lan angkasa
Kinemulan elok e bawana
Kidung wengi datan sepi
Saka telenging ati
Suci

Blitar, 15042017



Kapangku Sundul Ing Dhada

Ana rasa kang tan kena pinenggak
Rasa rasaning katresnan
Tumancep ana pulunge ati
Wewayanganmu tansah kumlebat
Ana telenging netra
Swaramu tansah keprungu
Cinatet ana ing dhada
Apa salah handarbeni rasa iki
Apa kliru nyimpen wewadi
Yen to mung nyiksa raga
Ágawe cuwane atimu
Mung siji kang dak karep ake
Sliramu bisa angerteni
Kapangku sundul Ing dhada

Blitar, 26042017

No comments:

Pages